Friday, March 18, 2011

TANGGAP WACANA (SAMBUTAN) TANGGAP WARSA (ULANG TAHUN)


Assalamu’alaikum wr. Wb
Nuwun, Bapak Sutarno, kula ndherek mangayubagya anggen panjenengan tanggap warsa ingkang kaping 40.
Mugi Gusti ingkang Maha Agung keparenga paring panjang yuswa panjenengan, rinengga endah-edining ngamal sae,resik saking tindak cinedha.
Bapak Sutarno saha para tamu kakung putri ingkang kinurmatan. Kanugrahan wanci, umur punika bebasan sabin saupaminipun. Kita mardika paring tetaneman ing sabin mau. Boten wonten awisanipun, boten wonten iketanipun. Namung Pangeran paring ancer-ancer lan pepemut.Sinten nanem mesthi ngundhuh.
Gandheng kita menika sami titahing Gusti ingkang pinaringan sipat sampurna tinimbang titah sanesipun, kita lajeng saget nggalih undhuh- undhuhan punika.
Punapa ta wonten tiyang ingkang kepingin ngundhuh awon lan rekaos? Boten wonten. Mila pinanggihing nalar, supados kita benjang ngundhuh kesaenan lan sekeca, kita mila kedah nanem kesaenan ing gesang kita. Kesaenan dhateng ingkang nitahaken kita, Pangeran lan sae dhateng sesamining titahing Allah. Kalih- kalihipun kedah sarimbit, boten saged uwal.
                Punapa perlonipun kita sami hamengeti tanggap warsa? Boten sanes kita badhe milang-milang ing saben mangsa. Setahun sepisan kita wilang, punapa ingkang sampun kita tanem ing pasabinan kita salebeting setahun, sepinten kathahing tetuwuhan ingkang kita tanem? Kita wilang-wilang ngamal awon punapa ingkang nate kita tindakaken. Ing taun candhakipun badhe kita singkiri. Ngamal sae punapa ingkang sampun kuwawi kita tindakaken. Taun candhakipun badhe kita indhaki. Manawi tetela mekaten, mila jejering tanggap warsa punika badhe kita angge milang tumindak ingkang sampun kapengker. Mila sinaosa boten kanthi ngawontenaken pahargyan, kita tetep ngawontenaken tanggap warsa. Mila kedah milang-milang ngamal sae lan awon ingkang sampun kapengker.
                Para rawuh kakung putri ingkang kula kurmati mligenipun Bapak Sutarno. Kula nyenyadhang, mugi-mugi tanggap warsa punika saged nglenggahi wos wigatosipun. Mugi-mugi kita tansah pinaringan panjang yuswa lan kebak rerenggan ngamal sae, ingkang mesthi badhe andayani lan mampangati kita piyambak-piyambak. Yuswa panjang ingkang tanpa rerenggan ngamal utami, malah rungut dening lateng lan marung, kita piyambak ingkang badhe ngundhuh ing tembe wingkingipun.
                Mugi, atur tanggap wacana punika wonten mumpangatipun. Sadaya kekirangan nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum wr. wb.